TEXT MC BAHASA JAWA - SEDERHANA - COCOK UNTUK PEMULA

Berikut adalah contoh text MC bahasa jawa sederhana, yang cocok untuk para pemula seperti saya. kalaupun da kosa kata yang kurang pas, nanti bisa di edit dan disesuaikan.


TEXT ACARA PERINGATAN NUZULUL QUR’AN
Assalamualikum Wr.Wr.
ingkang kawulo hormati poro alim soho poro ulama’ ingkang kito to’ati fatwanipun
ingkang kawulo hormati poro pini sepuh soho aji sepuh
ingkang kinurmatan bapak kepala desa, soho sedoyo perangkatipun
ingkang kawulo hormati poro bapak lan sederek sedoyo
mboten kasupen sedoyo hadirin ingkang minulyo

monggo kito kunjuaken raos pujo dalah puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, Biqoulina Alhamdulillah, kito sedoyo sampun diparingi pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah soho inayahipun, sehinggo wonten dalu puniko kito saget makempal ing Masjid At-Taqwa Desa Tawangrejo kanti mboten wonten halangan setunggal punopo.
sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng nabi muhammad SAW. engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin.
Poro bapak soho sederek ingkang minulyo.
wonten mriki kawulo minangkani pranoto adicoro Peringatan Nuzulul Qur’an 1438 H, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:
1.      Pembukaan
2.    Wosan ayat-ayat suci alqur’an
3.    Sambutan
4.    Mauidhoh Hasanah
5.      Do’a
6.    Penutup

1.      acoro engkang sepindah enggeh puniko pembukaan, monggo acoro wonten dalu puniko kito bikak kanthi waosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah
2.    kito lajengaken acoro engkang kaping kaleh enggeh puniko wosan-ayat-ayat suci al-Qur’an dumateng panjenenganipun Ustadz Ravindara, S.Pd.I. kulo sumanggaaken……………………., meniko kolo wau wosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi saget nambah lancaripun acoro wonten dalu puniko.
3.    acoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan, dumateng panjenenganipun …………………………. kulo sumanggaaken……………………….. mekaten kolo wau sambutan saking ……………………
4.    acoro ingkang kaping sekawan Mauidhoh Hasanah, ingkang bade dipun sampe aken dening panjenenganipun Romo KH. Syamsul Arifin. Dumateng panjenenganipun kito sumanggaaken.
Poro bapak soho sederen ingkang minolyo
5.     dilajengaken acoro engkang kaping gangsal enggeh puniko do’a, dumateng Al-Mukarrom KH. Ahsin Ilyas  kulo sumanggaaken.
6.    acoro engkang terakhir inggih puniko penutup, monggo acoro ing dalu puniko  kito tutup kanthi waosan hamdalah….. mekaten saking kawulo, menawi wonten kelenta-kelentunipun anggene matur. kulo nyuwun agunging pangapunten.
Gawe kupat  dicampur santen, menawi lepat nyuwun ngapunten.
waakhiron

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "TEXT MC BAHASA JAWA - SEDERHANA - COCOK UNTUK PEMULA"

Post a Comment