HAL YANG PERLU DIPERHATIKAN SEBAGAI PRANATACARA - MC JAWA


I.       Sarana Manatacara


      A. Sarana makarya ingkang boten katingal
      1.  Kawruh kabudayan (utamanipun kagunan lan filsafat)
-       Kagunan basa (basa lesan, basa sinerat lan basa sasmita)
-       Kagunan rupa (ngadi sarira, ngedi busana)
-       Kagunan beksa (ulah kridhaning angga, pirsa namining beksan)
-       Kagunan swara (sekar, gendhing, karawitan)
-       Filsafat utaminipun kawruh bab adat tatacara miwah upacara (wiwit meteng, metu, manten, mati)
      2. Gladen Ulah kaprigelan
          Nyakup :  Ulah jiwa – Ulah raga – Ulah napas – Ulah swara

      2.1 Ulah Jiwa
    Ginanipun : Kangge nggayuh raos ayem jenjem, tentrem manteb (percaya dhiri)
    Caranipun :
                  -Aliran kapitadosan wonten ingkang mawi medhitasi. (ulah prana)
                  -Ingkang ngrasuk agami, kanthi ngagengaken pangibadah. (ngenut agaminipun  sowang-
           sowang)

       2.2 Ulah Raga
            Ginanipun : Supados sarira saged keker, seger, saras, kiyeng kiyat kangge   makarya.
            (teteg tatag, tangguh tanggon, prapteng ngendhon)
            Caranipun              : sepeda santai, senam, joging, renang, volly, footsall lsp.
 2.3.Ulah Napas
      Ginanipun -Njagi kasarasan jiwa raga
       -Ngicali raos dheg-dhegan, gemeter
                             -Saged ngendikan panjang tanpa ngos-ngosan (wekdal nembang, nyandra, lsp)
            Caranipun
        2.3.1.Napas Pasif
                Satitahe kados ambegan saben dinten
        2.3.2.Napas Aktif
                 saged sinambi lenggah, jumeneng, kendel utawi mlampah.
a.     Narik napas lon-lonan ngginaaken grana.- Saged mawi etangan 1,2,3 …..spt
                 sangsaya kathah langkung sae.
-                Dipun ampet ngantos kebak wonten padharan.
                 Dipun wedalaken lon-lonan mendhet saking perangan padharan medal tutuk.
                 (Ugi saged mawi etangan 1,2,3, ….. sapiturutipun)
b.      Narik napas sacepetipun, salebet-lebetipun / sakathah-kathahipun ngangge grana    -       Dipun ampet ngantos kebak wonten ing padharan.
                  Dipun wedalaken lon-lonan medal tutuk.
c.       Kados ing nginggil, ananging anggenipun ngedalaken napas sinambi   nyuwara,utamnipun swara vokal.    -a,i,u,e,o                           
                  Kagladhi ngantos kulina, lan mboten katawis.
        2.4. Ulah Swara
                  Swara kaliyan napas kadi dene gula lan leginipun kados latu lan benteripun  manunggal tan pisah.
                  Ulah swara nyakup : kedal, ucapan, lagu
        2.4.1 Kedal
 Ngeja aksara ngantos cetha
 ta              tha
 da             dha
 ka             kha,  lsp.
2.4.2 Ucapan
Seratanipun sami, benten pangucapipun.
Kawigatosna swarane aksara swara, mingsad – mingsedipun ing tembung lingga saha ing tembung andhahan.




                   Tuladha :
            Rasa , rasane                                - utama , utamane
            Manis , manise                             - pinggir, pinggire
            Leseh , lesehan                            - bedhek, bedhekan lsp..
          2.4.3. Lagu (wirama)
                   Saben basa lagu lageyanipun boten sami.
                   Basa Inggris lagunipun avariasi
                   Basa Jawi kawastanan     : dekung
                  ,membat mentul,  sora lirih, andhap inggil, panjang pendek,  rindhik rikat.
v Swara Panatacara ingkang sae :
-       Prasaja boten katawis kadamel
-       Dhekung (membat mentul)
-       Ulem (nyaring, sedhep kapireng)
-       Manteb boten kemeng
-       Resik boten serak eseg, bindheng, pelat
-       Nglaras boten fals, blero
-       Teteh titis boten kesleo, kaclithut
-       Wijang gamblang, cetha, nges Jawani
-       Boten groyok, boten kerindhiken
-       Nyuwanten panjang boten ngos-ngosan
     -   Los boten ngotot, lirih boten nglentreh
v  Sedaya punika kedah kagladhi, kaudi amrih tlesih, trep mungguh mapan
Sesantisapa ngudi bakale dadi, sing ora ngudi ora dadi

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "HAL YANG PERLU DIPERHATIKAN SEBAGAI PRANATACARA - MC JAWA"

Post a Comment